Sesorah

Sugeng rawuh kanca kanca 

SESORAH

1.      Pangerten
Sesorah yaiku tembung liya saka pidhato.Pidatho iku medharake gagasan sarana lesan kang di tunjuake marang wong akeh utawa masyarakat lan biasane sesorah iku katindhakake ana ing acara formal.
Tuladha : a) Upacara mantenan jangkep.
                b) Sunatan (Supitan).
                c) Upacara sedekah gunung lan sapanunggale.


2.    Paranga Sesorah :
·         Irah-irahan.
·         Salam Pembuka.
·         Pakurmatan.
·         Purwaka Basa.
·         Wos utawa Isini Sesorah.
·         Andharan Wose Sesorah.
·         Pangarep-arep.
·         Wasana Basa.
·         Salam Penutup.
3.    Metode Kang Nindakake Sesorah yaiku :
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi.Basa ngoko digunakake menowo sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang seng sesorah.Basa karma digunakake menawa ngadepi wong sing luweh tuwa utawa wong sing kudu diurmati.
4.     Metode Nindakake Sesorah :
a)      Eksternporan
Eksternporan yaiku metode kang wektu maca sesorah/pidato gowo catetan cilik,seng isine pokok-pokok penting seng arep disampekke.
b)      Apalan
Apalan yaiku teknik seng dianggo ing sesorah tanpa nggowo kertas lan biasane uwes dipersiapke sak durunge sesorah.
c)      Naskah Teks
Naskah teks yaiku metode kang digunakno nganggo teks sesorah mau kanthi bar babagan seng disampekno.


MATUR NUWUN KANCA KANCA 

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA lan sinau-basajawi.blogspot.com

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer